Sulukan
Goro-goro tanggap warso
silajugo temah dumadining wanci goro-goro, laih ing kono toh wau kawistoro
jagad bade wonten goro-goro. Amargi jumbuh jangkeping wektu sangang perkoro ugo
praptaning gantos alam kito andalang ngagem patet enem ginantos patet songo dayaning menopo ingkang andamel jagad wonten goro-goro
sungkawaning wulu cumbu jimat urip manungso bebundeling jagad yoiku ki lurah Semar
Bodronoyo. Kocap kocarito dug naliko semono jagad kalamon cinondro gumantiling
ratri sasuruting arko saderenging ratri dereng wonten ingkang cinarito aming
sangsmito resmi ingkang mijil saking imbanging cokrowolo arso mrabawani jagad.
Dedep idep prabawaning ratri sosro doro wis manjer
kawuryan tan kuciwo memanise jangkep srinating dalu sini woko sang yo dasih agelar ning cokrowolo winulet ngelangut parandene
pakso kebegan saking pratingkahing
taranggono kang sumiwis waroto tanpo selo.
Eko bumi dwi sawah tri gunung catur samudro ponco taru
sap pangonan sapto pandito asto tawang nowo dewo doso ratu.
Yekti jagad kaprabawan dening sungkawaning wulu cumbu
jimat urip manungso bebundeling jagad yoiku ki lurah Semar Bodronoyo.
Dumadining goro-goro andamel risaking tegal pekarangan tanem tuwuh sami gagrag
datan pikantuk ilening toya, sawah-sawah sami anelo dadi papan dedelikaning
gegremetan kang mowo wiso. Jalmo pandito ratu sami nadang sungkowo dewo datan
keno wewalering pepati nandang susah. Pandito tan bangkit memujo agung keno
pangremcono manjing ing projo nyuwun pitulunganing ratu. Ratu piyambek nandang
sungkowo awit negarane katrajang pageblug larang sandang tuwin larang pangan.
Goro-goro sumundul marang suroloyo gawe gegonjinging
bale cundo manik rengat sumune lembu nandini menceng wot si ogal-agil. Kayu andong kayu wuring
sami rebah koyo babatan cacing. Mbludak kawah condrodimuko andamel ndut
siblegedobo, ono lindu sedino kaping pitu bumi mbledag gunung njeblug
nyembur-nyembur awu ngebaki jagat suryo condro ilang sorote kartiko sami ambrol
peteng dedet lelimengan pindo bangun kasaputing lebu. Widodoro-widodari hapsoro-hapsari
sami ngungsi marang arsaniro hyang Hodipat. Sideming goro-goro jumeduling lare
bajang sakembaran siji nggowo batok mbulu sanggupe arep nawoni segoro kang
sajugo nggowo sada lanang saler sanggupe arep nyaponi jagad kekalih pinagggih
ing margi catur dendo ing mriku sami rebut biyodo teko ndamel trajanging
goro-goro luhoro gurnito banyu masas musus winasus.
Mantaaappppp.....
BalasHapus