Axis live

Jumat, 10 Juli 2015

Suluk Goro-goro



 
Sulukan
 
Goro-goro tanggap warso silajugo temah dumadining wanci goro-goro, laih ing kono toh wau kawistoro jagad bade wonten goro-goro. Amargi jumbuh jangkeping wektu sangang perkoro ugo praptaning gantos alam kito andalang ngagem patet enem  ginantos patet songo dayaning  menopo ingkang andamel jagad wonten goro-goro sungkawaning wulu cumbu jimat urip manungso bebundeling jagad yoiku ki lurah Semar Bodronoyo. Kocap kocarito dug naliko semono jagad kalamon cinondro gumantiling ratri sasuruting arko saderenging ratri dereng wonten ingkang cinarito aming sangsmito resmi ingkang mijil saking imbanging cokrowolo arso mrabawani jagad.
Dedep idep prabawaning ratri sosro doro wis manjer kawuryan tan kuciwo memanise jangkep srinating dalu sini woko sang yo  dasih agelar ning  cokrowolo winulet ngelangut parandene pakso  kebegan saking pratingkahing taranggono kang sumiwis waroto tanpo selo.
Eko bumi dwi sawah tri gunung catur samudro ponco taru sap pangonan sapto pandito asto tawang nowo dewo doso ratu.
Yekti jagad kaprabawan dening sungkawaning wulu cumbu jimat urip manungso bebundeling jagad yoiku ki lurah Semar Bodronoyo. Dumadining goro-goro andamel risaking tegal pekarangan tanem tuwuh sami gagrag datan pikantuk ilening toya, sawah-sawah sami anelo dadi papan dedelikaning gegremetan kang mowo wiso. Jalmo pandito ratu sami nadang sungkowo dewo datan keno wewalering pepati nandang susah. Pandito tan bangkit memujo agung keno pangremcono manjing ing projo nyuwun pitulunganing ratu. Ratu piyambek nandang sungkowo awit negarane katrajang pageblug larang sandang tuwin larang pangan.
Goro-goro sumundul marang suroloyo gawe gegonjinging bale cundo manik rengat sumune lembu nandini menceng  wot si ogal-agil. Kayu andong kayu wuring sami rebah koyo babatan cacing. Mbludak kawah condrodimuko andamel ndut siblegedobo, ono lindu sedino kaping pitu bumi mbledag gunung njeblug nyembur-nyembur awu ngebaki jagat suryo condro ilang sorote kartiko sami ambrol peteng dedet lelimengan pindo bangun kasaputing lebu. Widodoro-widodari hapsoro-hapsari sami ngungsi marang arsaniro hyang Hodipat. Sideming goro-goro jumeduling lare bajang sakembaran siji nggowo batok mbulu sanggupe arep nawoni segoro kang sajugo nggowo sada lanang saler sanggupe arep nyaponi jagad kekalih pinagggih ing margi catur dendo ing mriku sami rebut biyodo teko ndamel trajanging goro-goro luhoro gurnito banyu masas musus winasus.


1 komentar: